24 November 2015

Posted by rainbow | File under : ,


Tembung Tanggap yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater tripurasa ( ka, dak, di) lan seselan –in. Ater-ater iku wuwuhan kang dumunung ing sangareping tembung lingga ing pacelathonan. Yen ing basa Indonesia diarani awalan, yen ing basa Inggris punika diarani prefix. Tembung "prefix" kadadeyan saka tembung lingga fix kang nduweni teges "nambahi" lan ater-ater "pre-" nduweni teges "sadurunge" Tembung tanggap bisa kaperang dadi patang warna :


a) Tanggap tripurasa
     yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater tripurasa
     Tuladha : kojupuk, dakpangan, dibalangi

b)  Tanggap na
     yaiku tembung lingga sing oleh seselan –in
     Tuladha : Sinengkakake, tinulis, tinubruk, tinemu

c)  Tanggap tarung
     yaiku tembung dwilingga sing oleh seselan –in tripurasa
     Tuladha : sera-sinerat, cokot-cinokot, sawang-sinawang, tulung-tinulung

d)  Tanggap ka
     yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater ka-kanthi teges dijarak
     Tuladha : kaobong, kapangan, kagendhong, katulis

Iku mau jenise tembung ing paramasastra basa jawa

0 komentar:

Posting Komentar