23 November 2015

Posted by rainbow | File under : ,

Tembung andhahan yaiku tembung kang owah saka asale. Tembung andhahan dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung lingga kang wis dirimbag. Owah – owahan iku bisa awujud :
o   Wuwuhan (imbuhan)
o   Ngrangkep tembung (kata ulang)
o   Nyambor tem bung (kata majemuk)

Salah sawijini cara ndhapuk tembung andhahan iku kanthi menehi wuwuhan, wuwuhan iku ana telu yaiku : ater - ater (awalan),seselan (sisipan), lan panambang.


a.            Ater - Ater (awalan)
Tembung andhahan amarga oleh ater – ater umpamane : 
1)      ater-ater hanuswara : n, ny, ng, m
o   n +  tulis =nulis
o   ny + sapu= nyapu
o   ng + gawe= nggawe
o   m + paku= maku
o   tembunge dadi tembung tanduk

2)      ater-ater tripurasa: dak, ko, di
o   dak + tuku= daktuku
o   ko + tuku = kotuku
o   di + tuku = dituku
o   tembunge dadi tembung tanggap

3)      ater-ater liyane sing awujud :
o   a + lungguh = alungguh
o   ka + waca= kawaka
o   sa + dina = sadina
o   pa + piker = pamikir
o   pi + wulang = piwulang
o   pra + tandha =pratandha
o   pari + kena = parikena
o   tar+buka = tarbuka
o   kuma+ wani = kumawani
o   kami+ sepuh = kamisepuh
o   kapi +temen = kapitemen

b.            Seselan
Tembung andhahan amarga seselan umpamane :
o   Gumuyu : um + guyu
o   Tinulis : in + tulis
o   Kerelip : er + kelip

c.             Panambang
Tembung andhahan amarga oleh panambang umpamane :
o   Telatan : telat + -an
o   Awake : awak + -e
o   Bukuku : buku + -ku
o   Tulisen : tulis + -en

d.            Wuwuhan Gaabung
Tembung andhahan amarga oleh wuwuhan gabung umpamane :
o   Digawakake : di- + gawa -ake
o   Njupaki : n- + jupuk -i
o   Nilisaka : n- -ake

Iku mau jenise tembung ing paramasastra basa jawa

0 komentar:

Posting Komentar