24 November 2015

Posted by rainbow | File under : ,


Tembung Camboran (kata majemuk), kuwi rong tembung utawa luwih kang digandhèng dadi siji ngliwati sawijining prosès morfologi. Prosès morfologi yakuwi prosès owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, sing nduwèni kategori lan makna wutuh, saéngga polimeorfem iku disebut tembung. Jroning basa Jawa, ana telung prosès morfologi sing disinaoni, yakuwi: prosès wuwuhan (pengimbuhan), prosès rangkep (pengulangan), lan prosès camboran (pemajemukan). Prosès camboran (pemajemukan) yaiku prosès panggabungan morfem dhasar, sing biasa digabung yakuwi tembung lingga karo lingga liyané. 
Camboran dipérang dadi loro, yaiku: camboran wutuh lan camboran udhar. Camboran wutuh minangka camboran sing konstruksiné digabung, saéngga ngasilaké siji makna. Déné camboran udhar arupa camboran sing konstruksiné kapisah lan maknané isih digabung, saliyané kuwi unsuré isih bisa digolèki.

Miturut wutuh orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro, yakuwi:
1.      Tembung camboran wutuh, contoné: sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
2.      Déné wujud sijiné yakuwi wis dicekak (wancah). Contoné: bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji bubar kabèh, gaji wakma: sega siji iwaké lima, nasgithel:panas legi kenthel lsp.

Wujude camboran tugel
1.      Tembung garba (sandi)
·         Nara + pati = narpati
·         Prapta + ing = prapteng
·         Idu + abang = dubang
·         Iya + iku = yeku
·         Sura + ing = sureng
·         Parama + iswari = prameswarI
2.      Kerata basa
·         Digugu + ditiru = guru
·         Balung + kulit = lunglit
·         Gawe + kadang = wedang
·         Kaku + cempluk = kupluk

Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yakuwi:
1.      Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Reroncèn tembung bisa uga ditambahi tembung "lan" utawa "saha".
2.      Tembung camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
3.      Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.

Tembung camboran kang sambungan (sandhi) né awujud wandamenga (suku kata terbuka) lan wanda aksara swara (vokal), tembung-tembung kasebut banjur bisa luluh (ginarba) dadi siji dadi swara anyar. Tembung kuwi banjur disebut tembung garban. Tuladha:
1.      a + a = a
Kusuma + astuti = kusumastuti
2.      a + i = e
Teka + ing = tekèng
Ira + iku = irèku
3.      a + e = e
Warna + edi = warnèdi
4.      a + u = o
Wira + utama = wirotama
5.      i + a (i,e,o,u) = y
Sami + oncat = samyoncat
6.      u + a (i,e,o,u) = w
Tumuju + ing = tumujwèng

Sawetara ater-ater utawa panambang kang wanguné kaya wanda kasebut uga dadi sandhigarban. Tuladha:
·         sa +ulah = solah
·         sami + a = samya
·         ke + legi + an = kelegèn

Miturut tegese tembung camboran bisa kaperang dadi loro yaiku :
1.      Camboran tunggal, yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine wis ora kena dipisah-pisah maneh lan wis nduweni teges anyar. Upamane balung iku perangane awak utawa kewan sing atos dhewe. Kuwuk iku kucing alasan ora ana sing ndarbeni. Banjur dirangkep dadi “balung kuwuk” sing tegese criping pohung. Tuladha: Randha royal, Semar mendem, Nagasari, Gandarukem, Daramuluk
2.      Camboran wudar, yaiku tembung camboran sing tembung siji lan sijine isih nduwe teges dhewe-dhewe. Tuladha: Meja tulis, Pelem golek, Wayang kulit, Piring beling

Iku mau jenise tembung ing paramasastra basa jawa

0 komentar:

Posting Komentar