23 November 2015

Posted by rainbow | File under : ,

Ukara didhapuk saka tembung. Tembung dumadi saka wanda, lan wanda dumadi saka aksara. Paramasastra iku ngèlmu tata basa lan sastra, utamané basa Jawa. Wis akèh kitab kang nganggo irah-irahan "Paramasastra" kang dianggit déning sawetara pujangga. Tembung iki dijupuk saka parama (tata basa) lan sastra. Tata basa Jawa akeh njupuk saka Sansekerta. Tata basa iki katurunaké manèh déning Panini. 
Nalika cecaturan nganggo basa Jawa, ora mung kudu migatèkaké kaidah basa, nanging uga kudu miturut unggah-ungguhing basa, yakuwi kudu ngetrapaké tataran basa sing cocog marang wong sing diajak wicara. Marang sepadha-padha utawa kanca saumuran, bisa dianggo tataran basa ngoko. Nanging marang wong sing luwih tuwa utawa kinurmatan, kudu nganggo tataran basa krama.

 
Pamilihan Tembung
Tembung bisa diudhal manut wandane lan kudu adhedhasar tembung linggane ( menawa tembung andhahan )
Tuladha :

tandur
tan + dur
tinulis
in + tulis
kesandhung
ke + sandhung
nyilih
ny + silih

Jenise  tembung jawa ana macem-macem:

0 komentar:

Posting Komentar