24 November 2015

Posted by rainbow | File under : ,
Tembung rangkep yaiku sakabèhing tembung (senadyan mung sawanda), kang diwaca kaping pindho. Tembung Rangkep iki dibédakaké dadi telung werna, yakuwi: tembung dwilingga, tembung dwipurwa lan tembung dwiwasana. 

1.       Tembungdwilingga
a.      Dwilingga padha swara
yakuwi tembung kang asale saka tembung lingga lan diwaca kabèh linggané kaping pindho. Contone: Panas-panas, maca-maca, guru-guru, abang-abang
b.      Dwilingga salin swara
yakuwi tembung kang asale saka tembung lingga lan diwaca kaping pindho nanging ana wanda vokal kang owah. Contone: Etang-etung, wira-wiri, kopat-kapit, mloka-mlaku, molak-malik


Tembung dwilingga bisa dipérang miturut tegesé utawa dadiné, yaiku:
1)      Dadi tembung aran. Tuladha: undur-undur, alang-alang, uget-uget, ari-ari, ali-ali.
2)      Dadi tembung kahanan. Tuladha: mangar-mangar, kelap-kelip, rintik-rintik.
3)      Mbangetaké. Tuladha: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
4)      Tansah. Tuladha: Wis ajar kok ora isa-isa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé (tansah lali).
5)      Senadyan. Tuladha: Alon-alon (senadyan alon), cilik-cilik (senadyan cilik).
6)      Wektu. Tuladha: Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.
7)      Paling. Tuladha: Murah-murahé, akèh-akèhé, larang-larangé.

2.       Tembung dwipurwa
Tembung Dwipurwa kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung ing wanda kang pisanan baé. Contone: dedunung, tetuku, lelaku, leluri,sesawangan, lelara, geguyu.

3.       Tembung dwiwasana
Tembung Dwiwasana kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung ing wanda kang kapindho (mburi). Tuladha: benyinyik, pethethet, cekikik, cekakak, jelalat, mbedhudhug, jegègès

Iku mau jenise tembung ing paramasastra basa jawa

0 komentar:

Posting Komentar