24 November 2015

Posted by rainbow | File under : ,


Ayahane tembung (Jabatan Kalimat) ateges ngudal ukoro manut ayahane tembung kanggo nggoleki perangane ukoro sing diarani jejer, wasesa, obyek lan katerangan (Subyek, predikat, obyek dan keterangan). Supaya pangrembuge ukara bisa runtut, mula ora ana alane yen dirembug maneh wiwit jejer, wasesa, lesan lan katrangan.


Ayahane Tembung /  jebatan kalimat (ukara) yaiku :
a) Jejer utawa subyek perangane ukara kang paling baku utawa perangan kang dadi bakune ukara. Manut pranatane ukara, jejer manggon ing ngarep wasesa. Dene tembung kang bisa dadi jejer lumrahe arupa tembung aran (kata benda) utawa tembung apa bae kang dianggep kaya dene tembung aran.
b) Wasesa. Wasesa utawa predikat yaiku perangan ngandharake jejer (menerangkan keadaan subjek). Wasesa uga kalebu bakune ukara sawise jejer lan miturut urutane ukara, wasesa manggon ing samburine jejer. Wujude wasesa iku ora kudu arupa tembung kriya (kata kerja). Utawa frase tembung kriya.
c) Lesan. Lesan utawa objek yaiku perangan kang diender utawa dituju. Lumrahe sing dadi lesan iku tembung aran utawa tembung sesulih purusa (kata ganti orang). Lesan manggon ing samburine wasesa. Ora saben ukara duwe lesan. Lesan iku anane mung ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanduk.
d) Katrangan. Katrangan iku mujudake perangane ukara kang ngandharake bab sing dikandhakake sing ukara nganti dadi luwih gambling. Katrangan bisa nerangake jejer, wasesa lan lesan. Dene manggon utawa urutane katrangan iku bisa saenggon-enggon. Dene kang bisa dadi katrangan iku ya saka tembung katrangan utawa frasa katrangan lan frasa sing nggunakake tembung ancer-ancer.

Jenenge Katrangan
Tembung kang minangka tetengere
Katrangan panggonan
Ing ana, ana ing, menyang, saka, sarta katrangan papan liyane.
Katrangan wektu
Mangsa, dhek, dhek wingi, dhek biyen, saiki, kepungkur, sadurunge, nalika, ngepasi, tembe mburi, lan sakpanunggale.
Katrangan alat/ piranti
Nanggo, karo, kanthi, mawa, ambek
Katrangan cacah
Sakabehe, sathithik, akeh, lan werna ukuran/ takeran.
Katrangan akibat
Mula, mulane, mula saka iku, wusanane
Katrangan ubaya/ syarat
Waton, angger, sauger, pokoke, saumpama, menawa, yen, yen ta.
Katrangan sebab
Sebab, jalaran, amarga, karana
Katrangan asal
Saka,, digawe saka, asale saka
Katrangan wewatesan
Nganti, ngantek
Katrangan tujuan
Supaya, kareben, murih, amrih, ing pangajab, ing pangangkah, menyang.


Tuladhane ngudhal ukara manut ayahaning tembung:

1.   Wingi sore Wuryanto nandur kembang ing latar.
                  K                 J             W          L            K
2.   Mau bengi Dhik Irawan diutus Pak Cip.
                  K                  J                W        L
3.   Esuk-esuk jam 06.00 Bayumurti lunga saka omahe amarga nesu.
                              K                     J             W          K                 K
4.   Dhik Andang Priyambodo diajak kancane menyang Ngadireja.
                              J                            W               L                      K
5.   Tuku buku gambar ing toko Usaha.
         W     L                      K

1 komentar:

  1. What is the merit casino? | XN
    The Merkur 1xbet is 메리트카지노 a relatively new, relatively compact, open-source 메리트 카지노 고객센터 open-source modification toolkit developed by Microgaming. The open source

    BalasHapus