24 November 2015

Posted by rainbow | File under : ,
Tembung tanduk yaiku sakabehing tembung lingga kang olih ater-ater hanuswara. Ater-ater hanuswara uga diarani ater-ater kang nganggo swara irung amarga swarane kang mbrengengeng. Kang kalebu ater-ater hanuswara yaiku an, any, am, ang. Ater-ater hanuswara lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagaweyan. Ater-ater uga lumrah mratelakake Tembung tanduk.  
Ana telung macem tembung tanduk, yakuwi:
  • Tembung tanduk kriya wantah, yaiku tembung sing ora olèh panambang. Tuladha: maju, ngadeg, nyapu.
  • Tembung tanduk i- kriya, yaiku tembung tanduk sing olèh panambang i. Tuladha: nulungi, ngumbahi, nyaponi.
  • Tembung tanduk ke- kriya, yaiku tembung tanduk sing diwèmèhi panambang -ké utawa -aké. Tuladha: nyèlèhaké, nuduhaké, mbalèkaké.
Iku mau jenise tembung ing paramasastra basa jawa

0 komentar:

Posting Komentar