08 Desember 2015

Posted by rainbow | File under : , ,
Silah-silahing Ukara Ing paramasastra Basa Jawa
Silah-silahing ukara ing paramasastra Basa Jawa sing perlu di weruhi ana 6 warna, yaiku :
1.   Ukara Kandha ( Kalimat Langsung )
Yaiku ukara sing ngandhaake omongan liyan kanthi persis.
Contone :
  • Bapak ngendika, “Sesuk aku menyang Jogja”.
  • “Kowe kudu sing sregep ngaji” dhawuhe ibu.
2.  Ukara  Crita ( Kalimat Tak Langsung )
Yaiku ukara sing nyritakke omongan liyan mung sarine / Ringase bae.
Contone :
  • Tini takon, kena apa aku wingi ora mlebu sekolah.
  • Ngendikane guru, yen sregep sinau mesthi pinter.

3.  Ukara Tindak / Tanduk ( Kalimat Aktif )
Yaiku ukara sing jejere nindakake pagawean.
Contone :
  • Ibu mundhut jajan kanggo tukang.
  • Rudi ngunduh jambu.

4.  Ukara Tanggap ( Kalimat Pasif )
Yaiku ukara sing jejere dikenani pagawean.
Contone :
  • Sarunge di krikiti tikus.
  • Jajane dirubung semut.
5.  Ukara Pakon ( Kalimat Perintah )
Contone :
  • Jupukna tasku ing dhuwur kursi kuwi.
  • Balekna buku iki menyang omahe budi.

6.  Ukara Panjaluk ( Kalimat Permohonan )
Contone :
  • Coba kowe mreneya dak kandhani.
  • Tulung aku penekna blimbing kuwi.
Katrangan :
Ukara kandha bisa didadekake ukara crita, lan ukara crita uga bisa didadekake ukara kandha.
Miturut medharake gagasan, ukara bisa di perang dadi 2 warna :
1.   Ukara lamba ( Kalimat Tunggal )
Yaiku ukara sing medharake gagasab mung siji.
Tuladha :
  • Adhik tuku buku.
  • Tono nunggang kebo
2.   Ukara Camboran ( Kalimat Majemuk )
Yaiku ukara sing medharake gagasan luwih saka siji. Ukara camboran iku rangkepane ukara lamba.
Tuladha :
  • Didi cethil nanging mbak yuni loma.
  • Danu munggah kelas amarga sregep anggone sinau.

0 komentar:

Posting Komentar