08 Desember 2015

Posted by rainbow | File under : , , ,
Salah sijining saka Rupa-rupa Kawruh iku Arane anak kewan ing Basa Jawa.

Ing Basa Jawa, anak kewan iku ana arane dewe-dewe. Contone:
anak asu iku diarani kirik,
anak cecak iku jenenge sawiyah,
anak kadhal diarani tobil,

Posted by rainbow | File under : , ,
Silah-silahing Ukara Ing paramasastra Basa Jawa
Silah-silahing ukara ing paramasastra Basa Jawa sing perlu di weruhi ana 6 warna, yaiku :
1.   Ukara Kandha ( Kalimat Langsung )
Yaiku ukara sing ngandhaake omongan liyan kanthi persis.
Contone :
  • Bapak ngendika, “Sesuk aku menyang Jogja”.
  • “Kowe kudu sing sregep ngaji” dhawuhe ibu.
2.  Ukara  Crita ( Kalimat Tak Langsung )
Yaiku ukara sing nyritakke omongan liyan mung sarine / Ringase bae.
Contone :
Posted by rainbow | File under : , , ,
Silah-silahing Tembung ( Jenis Kata ) ing paramasastra basa jawa

Miturut golonganing tembung ana 10 macem:
1.   Tembung Aran ( Kata Benda )
Contone : Meja, kursi, lemari, radio lsp.
2.  Tembung Kriya ( Kata kerja )
Contone : nulis, maca, nyapu, mangan, ngombe, lsp.
3.  Tembung ganti ( Kata ganti )
Contone : aku, kowe, ku, dheweke, lsp.

24 November 2015

Posted by rainbow | File under : ,


Ayahane tembung (Jabatan Kalimat) ateges ngudal ukoro manut ayahane tembung kanggo nggoleki perangane ukoro sing diarani jejer, wasesa, obyek lan katerangan (Subyek, predikat, obyek dan keterangan). Supaya pangrembuge ukara bisa runtut, mula ora ana alane yen dirembug maneh wiwit jejer, wasesa, lesan lan katrangan.

Posted by rainbow | File under : ,


Tembung Tanggap yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater tripurasa ( ka, dak, di) lan seselan –in. Ater-ater iku wuwuhan kang dumunung ing sangareping tembung lingga ing pacelathonan. Yen ing basa Indonesia diarani awalan, yen ing basa Inggris punika diarani prefix. Tembung "prefix" kadadeyan saka tembung lingga fix kang nduweni teges "nambahi" lan ater-ater "pre-" nduweni teges "sadurunge" Tembung tanggap bisa kaperang dadi patang warna :