Ayahane tembung (Jabatan Kalimat)
ateges ngudal ukoro manut ayahane tembung kanggo
nggoleki perangane ukoro sing diarani jejer, wasesa, obyek lan katerangan
(Subyek, predikat, obyek dan keterangan). Supaya pangrembuge ukara bisa runtut, mula ora ana alane
yen dirembug maneh wiwit jejer, wasesa, lesan lan katrangan.
24 November 2015
Posted by rainbow | File under : paramasastra, tembung
Tembung
Tanggap yaiku tembung
lingga sing oleh ater-ater tripurasa ( ka, dak, di) lan seselan –in.
Ater-ater iku wuwuhan kang dumunung ing sangareping tembung
lingga ing pacelathonan. Yen ing basa Indonesia diarani awalan, yen ing basa Inggris punika diarani prefix. Tembung "prefix" kadadeyan saka tembung lingga fix kang nduweni teges "nambahi" lan ater-ater "pre-" nduweni teges "sadurunge" Tembung tanggap bisa kaperang dadi patang warna :
Posted by rainbow | File under : paramasastra, tembung
Tembung tanduk yaiku
sakabehing tembung lingga kang olih ater-ater hanuswara. Ater-ater hanuswara uga diarani ater-ater kang nganggo swara irung amarga swarane kang mbrengengeng. Kang kalebu ater-ater hanuswara yaiku an, any, am, ang. Ater-ater hanuswara lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagaweyan. Ater-ater uga lumrah mratelakake Tembung tanduk.
Ana telung macem tembung tanduk, yakuwi:
Ana telung macem tembung tanduk, yakuwi:
Posted by rainbow | File under : paramasastra, tembung
Tembung Camboran (kata majemuk), kuwi rong tembung
utawa luwih kang digandhèng dadi siji ngliwati sawijining prosès morfologi.
Prosès morfologi yakuwi prosès owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, sing
nduwèni kategori lan makna wutuh, saéngga polimeorfem iku disebut tembung.
Jroning basa Jawa, ana telung prosès morfologi sing disinaoni, yakuwi: prosès
wuwuhan (pengimbuhan), prosès rangkep (pengulangan), lan prosès camboran
(pemajemukan). Prosès camboran (pemajemukan) yaiku prosès panggabungan morfem
dhasar, sing biasa digabung yakuwi tembung lingga karo lingga liyané.
Camboran dipérang
dadi loro, yaiku: camboran wutuh lan camboran udhar. Camboran wutuh minangka
camboran sing konstruksiné digabung, saéngga ngasilaké siji makna. Déné
camboran udhar arupa camboran sing konstruksiné kapisah lan maknané isih
digabung, saliyané kuwi unsuré isih bisa digolèki.
Posted by rainbow | File under : paramasastra, tembung
Tembung rangkep yaiku sakabèhing
tembung (senadyan mung
sawanda), kang diwaca kaping pindho. Tembung Rangkep iki dibédakaké dadi telung
werna, yakuwi: tembung dwilingga, tembung dwipurwa lan tembung dwiwasana.
a. Dwilingga padha
swara
yakuwi
tembung kang asale saka tembung lingga lan diwaca kabèh linggané kaping pindho. Contone: Panas-panas, maca-maca, guru-guru, abang-abang
b. Dwilingga salin
swara
yakuwi
tembung kang asale saka tembung lingga lan diwaca kaping pindho nanging ana wanda vokal kang owah. Contone:
Etang-etung, wira-wiri,
kopat-kapit, mloka-mlaku, molak-malik
Langganan:
Postingan (Atom)